Contoh Pidato kemerdekaan Bahasa Jawa 17 Agustus

Contoh Pidato Hari Kemerdekaan Dalam Bahasa Jawa Singkat . Disini kami menyediakan Contoh Pidato Kemerdekaan Bahasa Jawa untuk anda yang ingin berpidato di daerah jawa dengan bahasa jawa senidiri .
Contoh Pidato kemerdekaan Bahasa Jawa 17 Agustus

Konsep pidato kemerdekaan dengan bahasa jawa dan indonesia sebenarnya tidak ada bedanya hanya saja pengalihan bahasa tujuan dan makna sama saja , sehingga jika anda pintar berbahasa jawa yang halus anda bisa hapal konsep indonesia yang bagus lalu jawakan ( bahasa jawakan ) .

baikilah silahkan lihat contoh pidato singkat tema Kemerdekaan Bahasa Jawa dibawah ini .

Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakaatuh.

Poro rawu sedoyo ingkang kulo hormati.

Ing dalem wakdal ingkang berbahagiya niki, monggo kulo lan panjenengan sedoyo ngucapaken raos syukur dumateng ngersa-nipun Allah swt. ingkang sampun maringi nikmat lan rahmatipun arupi sehat badan, lan nikmat ingkang langkung niku inggih meniko arupi nikmat kemerdekaan bangsa Indonesia. Lan dinten niki kito sedoyo ngengeti dinten ulang tahunipun ingkang kaping;……Mugiyo bangsa Indonesia niki langkung jaya lan raos tenterem, adil lan makmur.

Shalawat lan salam mugiyo tetep dipun paringaken dumateng nabi kito Muhammad saw., keluarganipun, poro sahabatipun, ugi kaum muslimin sedoyo ingkang estu-estu purun ngelampahi ajaran-ajaran Islam ing dalem gesangipun. Mugi-mugiyo kito sedoyo dados umat beliau ingkang purun ngelampahi ajaran Islam kanti leres lan estu-estu ing dalem gesang niki.

Poro rawuh sedoyo ingkang kulo hormati.

Ing dalem wakdal ingkang berbahagiya niki, monggo kito sedoyo raos syukur ateges ngelampahi nopo ingkang sampun dipun paringaken bangsa Indonesia arupi kemerdekaan niki. Kito sedoyo selaku generasi ingkang nerusaken perjuanganipun, monggo kito isi kemerdekaan niki kelawan pinten-pinten kegiatan ingkang saget menunjang kualitas kito sedoyo ing antawisipun inggih meniko arupi nggiatno lan sregep anggenipun belajar lan lintu-lintunipun.

Lan kito sedoyo sampun sumerap, mbok beleh saben tahun kito tepatipun wulan Agustus ngengeti dinten ulang tahunipun. Sedoyo niku ngerupekaken kangge ngenang malih peristiwa lan pinten-pinten kedadosan wakdal semanten. Semanten ugi kito dados tiyang Islam ngerupekaken kewajiban nggali pinten-pinten nikmat ingkang sampun dipun paringaken dumateng kito sedoyo lan ugi dumateng sedoyo bangsa Indonesia.

Nikmat arupi kemerdekaan ingkang sampun dipun paringaken dumateng kito sedoyo khususipun lan sedoyo bangsa-bangsa Indonesia umumipun niku ngerupekaken setunggaling nikmat ingkang paling ageng selaku bangsa Indonesia. Saking niku kemerdekaan meniko kedah estu-estu kito sedoyo syukuri. Keranten saget kito sedoyo raosaken ngantos nyogoh-nyogoh lan putu lan ugi dateng sakterusipun. Kados dawuhipun Allah inggih meniko artosipun :

“Menawi kito sedoyo gelem syukur atas nikmat-nikmat Allah, mongko ditambahi dening Allah. Lan ananging menawi kito niku ingkar nikmat-nikmat Allah, mongko kito bakal angsal adzabipun Allah ingkang langsung Maha Dahsyat.”

Poro rawu sedoyo ingkang kulo hormati.

Kito kedah nyumerapi, Allah swt. nyiptakaken menungso wonten ing dunyo niki supoyo mados sangu ing kemerdekaan lan kebebasanipun niku boten wonten lintu supados dados umat ingkang bertakwa ingkang purun ngajak dumateng kesahenan. merintah marang ingkang sahe lan nyegah saking keawonan. Milo saking niku, insya Allah kelawan ngelampahi kados niku negari bade langkung cepet nuju ingkang dipun cita-cita-aken dados negari ingkang aman lan tenterem, adil lan makmur sedoyo masyarakatipun. Kados dawuhipun Allah swt. wonten Al Qur’an. serat Al A’raaf, ayat 96, ingkang artosipun :

“Lan Lamon penduduk deso utowo negoro iku podho iman lan takwa marang Allah, Allah bakal nurunaken berkah (rizeki songko langit lan bumi, nanging menowo penduduk deso mahu podho durhoko, ngelakoni lelampahan maksiyat, lan ngelakoni lelampahan-lelampahan doso, Allah bakal nurunaken sikso marang penduduk mahu, koyo mengkono iku keran-ten lelampahanipun deweke kabeh.”

Poro rawuh sedoyo ingkang kulo hormati.

Mugiyo kito sedoyo saget ngisi kemerdekaan niki kelawan kesahenan.Wasana, cekap semanten atur kula. Bilih wonten klenta-klentu anggenipun kula matur, nyuwun pangapunten.



Akhirul Kalaam.

Wassalamu’alaikum Warahma-tullahi Wabarakaatuh.


Demikianlah Contoh Pidato Kemerdekaan Bahasa Jawa yang bisa kami rangkum mohon koreksi kembali dikawatirkan ada kata-kata rancu . 
Previous
Next Post »